Akal-akalane wong keset - Cantrik.COM

Breaking

Post Top Ad

Responsive Ads Here

Jumat, 16 Maret 2012

Akal-akalane wong keset

Pengalaman iki dakalami durung suwe. Ancasku nulis nang rubrik pengalamanku ora liya mung mbagi pengalaman lan muga-muga ora ana wong liya maneh sing kapusan kaya aku. Dakwiwiti cerita. Nalika aku nunggu dosen pembimbing tesis ing perguruan tinggi negeri ing Yogyakarta, ana wong lanang kang nyedhaki angggonku jagongan. Dakpikir wong iku arep takon alamat utawa apa, e jebul kandhane arep mulih ora duwe dhuwit banjur njaluk limang ewu marang aku. Daktakoni alamat omahe nangendi banjur dheweke ngetokake KTP-ne. Ing kono tinulis dheweke klairan Jakarta nanging manggon ing Purworejo. Rumangsaku yen padha-padha wong Purworejo ya padha wae dheweke iku sedulurku. Aku banjur ngetokake dhuwit limangewunan loro. Ora ana rasa cubriya ing atiku amarga yen nyawang dheweke pancene kaya wong susah.

Sawise ketemu dosen pembimbing, aku banjur arep mulih Purworejo. Aku kaget nalika ngerteni wong sing mau jejaluk marang aku lagi jejaluk marang wong liya ing ngarep Mirota. Pikirku dhuwit sepuluh ewu mesthine ya cukup gawe sangu mulih.

Aku luwih kaget maneh nalika wingi (25 Oktober 2011) aku njagong jejer sakbis karo dheweke. Banjur saka mburi bangku ana sing cluluk “Wah aku njilih dhuwite To ketoe kono gek sugih dhuwit. Kabeh ditokake.” Si Suwarto mung mesam-mesem karo mangsuli “Gawe sesuk maneh.” Ing ati aku mung mringis, batinku “Oalah, ngemis jebul saiki dadi profesi.”

Sawise tekan DonBosco, aku mudhun. Jebul dheweke uga mudhun. Saka njero angkot aku ngawasake dheweke menyang ngendi. Dakmatke terus jebul dheweke menyang penitipan motor. Sawise angkotku mlaku tekan ngarep polres lan mandheg amarga lampune abang, dheweke jebul mandheg uga nganggo motor Mio ijo ing sisih tengen angkot sing taktumpaki. Sopir angkot banjur cluluk marang dheweke “Motor anyar ya?”. Si Suwarto banjur mangsuli, “Ora, iki utangan.” Sawise lampu ijo, dheweke banjur ngeblas ngebut sembethengan anggone nggawa motor. Aku ngguyu-ngguyu anyel karo tumindake. Wealah saka ngemis ngono bisa utang motor. Hemmm…….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Post Top Ad

Responsive Ads Here