Antologi Cerkak "Cikal Ing Galengan" - Cantrik.COM

Breaking

Post Top Ad

Responsive Ads Here

Sabtu, 10 Februari 2024

Antologi Cerkak "Cikal Ing Galengan"

Salam sastra!
Proses ngripta cerita cekak bisa ditembungke gampang-gampang angel. Bakal gampang yen pangripta uwis kulina gawe rerangken tembung kang winangun cerita cekak, lan bakal angel yen pangripta nembe
nulis kaping sepisan. Ambyur ing jagading tulis menulis kudu kanthi ‘kesadaran penuh’ gelem tansah nulis dan ngundhakake kaprigelan nulis. Bok menawa saben uwong bisa nulis lan kulina nulis, nanging yen nulis cerita cekak ora akeh sing tlaten. Kenapa kudu tlaten? Pancen pawitan wong sing arep nulis
cerita cekak kudu tlaten ngumpulke informasi lan peka marang kahanan ing sakiwa tengene.

Apa-apa sing gumelar ing jagad raya iki bisa dadi sumber inspirasi. Semono uga antologi cerkak “cikal ing galengan” tanduran kang saben dina disumurupi ing padinan, kaya ta wit kambil lan wit pari. Mula
ora mokal yen tanduran loro iki bisa dadi critan. Jer gelem open lan preduli marang owah gingsire kahanan ing sakiwa tengene lan marang polahe manungsa. Gagasan sastra botani bok menawa bisa dadi ‘damar saplethik’ kanggo kas kayaning sastra Jawa.

Mugia urunan crita kang digawe kembang setaman iki bisa migunani tumrape penulis lan para pamaos ing ngendi papan kang isih sranta gelem nguri-uri sastra Jawa. Sapa maneh sing gelem ngrumat sastra Jawa yen ora diwiwiti saka awake dhewe. Ora kudu nunggu dioprak-oprak, nanging wis sedya ing dhiri olah sastra dadi pakulinan sing becik.

===========================
===========================


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Post Top Ad

Responsive Ads Here