Gêthèk - Cantrik.COM

Breaking

Post Top Ad

Responsive Ads Here

Jumat, 18 September 2020

Gêthèk

 

Bu Darmo katekanan dhayoh saka Kalimantan. Dhayohe dudu wong liya, nanging anak lan mantune. Daleme kang prasaja iku katon resik lan tandurane temata rapi. Ing latar kang ora amba iku ana montor roda papat werna abang ngejegreg rada mepet dalan. Tangga kiwa tengen sing kulina lewat latare Bu Darmo minger golek dalan liya. Mula bukane saka kedaden anake Waris ora sengaja nyenggol kaca spion montor sing diparkir kuwi nganti alarame muni. Kamangka anak lan mantune bu Darmo lagi nyekar nang sarean sing rada adoh saka daleme bu Darmo. Krungu suara alaram sing ora enggal meneng, bu Darmo metu saka daleme.

“Sapa kiye sing nyenggol montor?” pambengoke bu Darmo.

Tarjo sing isih njagong nang dhuwur sadhel gage mudhun lan aweh wangsulan, “Nyuwun pangapunten mbokdhe, kula boten sengaja.”

“Oooo…. kelakuanmu, karepmu apa Le?” bu Darmo duka yayah sinipi.

“Kula boten sengaja mbokdhe, nalika kula ngepit roda pit kula nggreyol krikil lajeng stang pit kula nyenggol niku kaca.” Tarjo ndingkluk keweden.

“Bocah ra urus, piye kuwi nek njuk muni wae ngono kuwi hah?” bu Darmo metenteng.

“Nyuwun pangapunten… kula nyuwun pangapunten.” Tarjo prembik-prembik arep nangis didukani bu Darmo.

Begja, ora let suwe anak lan mantune bu Darmo bali. Gagean mantune bu Darmo sing jenenge Ashudi mlebu ngomah njupuk kunci. Kunci montor banjur dipencet amrih alarame sipet. Pasuryane bu Darmo wis malih sumeh, lan Tarjo banjur digusah lunga.

“Rus, iku nak Ashudi digawekke unjukan, kae lho ana kopi ireng karemenane!” Bu Darmo kongkon Rusmiati supaya nggawekake wedang bojone. Sing dikongkon banjur menyat menyang pawon. Dene Bu Darmo metu ngomah menyang warung.

“Wah mantune wis sukses, bali kampung bisa nggawa mobil. Nyambut gawene nangendi Bu?” pitakone Lastri, sing duwe warung.

“Mulang nang kampus ngono, jenenge… emmm apa ya jenenge…” sajak mikir apa pagaweane Ashudi, “ooo iya jenenge dhosen. Mulang bocah gedhe-gedhe ngono jare.”

“Oh… penak ya uripe Rusmiati, duwe bojo dhosen, duwe mobil…. wah jian” Lastri gedheg-gedheg karo mesem.

“Ya kuwi wis rejekine Ati, duwe bojo bagus, sugih pisan…” Bu Darmo ngalem mantune. Si Lastri uga ngimbuhi nganti rembugan sing maune ngrembug Ashudi dadi kedawa-dawa ngrembug Permadi, mantune Bu Warsini. Bu Warsini duwe putra asmane Dewi. Dewi iku minangka guru TK ing laladan kono. Dene bojone, Permadi, mung usaha tetanen. Sejatine si Permadi iku wonge pinter, lulusan saka pawiyatan luhur, kasil nggembol gelar sarjana pertanian. Mung emane si Permadi luwih milih manggon desa mbiyantu mara sepuhe ngolah sawah. Bu Darmo ora ana enteke ngala-ala Permadi sing wonge bagus lan lulusan pawiyatan luhur nanging mung saba ing sawah. Permadi dibandhing-bandhingake karo Ashudi, mantune. Nganti ora krasa wektu rumambat kanthi cepet. Bu Darmo pamit mulih.

“Saka ngendi Bu?” Pak Darmo nakoni bojone kang nembe bali saka warung.

“Saka warunge Lastri, golek janganan kanggo sesuk Pak.” Bu Darmo njujug pawon. “Pak, bocah-bocah padha menyang ngendi?” Bu Darmo mbengok saka njero pawon. Sing ditakoni ora langsung aweh wangsulan. “Pak? Ditakoni kok mendel wae ta?” Bu Darmo nggawa unjukan banjur diglethakake ing meja. 

“Lha piye arep mangsuli, sibu ana pawon ngono kok ya.” Pak Darmo lungguh ing jejere Bu Darmo.  “Bocah-bocah lagi padha nang omahe Dewi, kulon kae. Layak kanca jaman isih cilik, paling ora bali ndesa ngono banjur nemoni kanca kanggo aweh kabar marang kanca kenthel.” Mireng ngendikane Pak Darmo, Bu Darmo menjeb. “Bu, mau Ashudi kandha arep nembung marang Pak Tejo supaya gêthèk sing dipasang ing kebone kae rada digeser ngalor supaya montore Ashudi bisa mardika anggone liwat. Yen ora digeser jare kemepeten, bodi mobile bisa tatu-tatu.” Bu Darmo sajak rada mikir. Pak Tejo iku garwane Bu Warsini. Kawit biyen wong loro iku ora ana cocoke. Senanjan anake, si Rusmiati karo si Dewi kanca kenthel, ibu-ibune ora ana akure. Yen kepethuk gathuk mesthi padha mlengose. Yen ana pawarta sing ora nyenengake banjur digedhek-gedhekake. Pancen urip nang ndesa kono yen ora kuwat kuping mesthi wargane padha bebeh ngrungokake Bu Darmo lan Bu Warsini sing saben ketemu mesthi padu. Pancen padha ora ideb isin, nanging kaya-kaya wis dadi pakulinan.

“Assalamu’alaikum…” Ashudi lan Rusmiati uluk salam.

“Wa’alaikumsalam…” Bu Darmo lan pak Darmo aweh wangsulan meh barengan.

“Piye nak, kasil rembugan nang daleme pak Tejo? Apa pak Tejo kersa paring idin?” Bu Darmo nlesih sajak pengin ngerti.

 Ashudi lan Rumiati lungguh. Kalorone mung pandeng-pandengan, arep aweh wangsulan sajak abot. Sawise ngenam pikir sawetara, Rusmiati wiwit miwiti rembug.

“Mekaten Bu, kula sampun matur dhateng Pak Tejo, piyambake…” Rumiati nata ambegan, “piyambake kersa nggeser gêthèk nanging ngentosi woh jeram sampun dipunundhuhi.” Rumiati nginguk marang bojone. Sing disawang rumangsa oleh sasmita banjur mbacutke rembug, “Inggih Pak, leres aturipun Rus.”

Ing jero batin Bu Darmo nguman-uman Pak Tejo. Mesthi woh jeruk sing dikandhakke kuwi mung kanggo alesan supaya gêthèke ora digeser. Sejatine sing dadi undherane perkara mung ora seneng marang kamulyan sing lagi disandhang anak lan mantuku. Lha piye ora seneng? Wong anak mantuku wis kasil nggawa montor roda papat, sukses dadi dhosen ing Kalimantan, lan anggon-anggon kaya ta gelang kalung sing dienggo Rumiati kuwi lak ya bisa gawe meri Bu Warsini. Huhhhh… wong kok senenge eren kemeren. 

“Ngapa bu kok menjab menjeb?” ora nyana ora ngira Pak Darmo mriksani ulate bu Darmo sing sajak ora rena.

“Ah bapak, ora kok Pak, ora ana apa-apa.” Bu Darmo banjur menyat saka palungguhan banjur nuju pawon, dene Rusmiati banjur mlebu kamar. Sing isih nang ruang tamu wong loro, Pak Darmo lan Ashudi. Kalorone mikir kepiye carane bisa mbujuk Pak Tejo supaya kersa nggeser gêthèke. Gêthèk kang gawe ruweting pikir kanggo Ashudi. Sejatine montor sing digawa bali Ashudi kuwi montor silihan. Dheweke nyilih kanca kantore sing kebeneran manggon ana Jogja. Nanging perkara kuwi ora diblakakake marang bapak ibu mara sepuhe. Kabeh kuwi mung kanggo njaga rasa supaya bapak ibu mara sepuhe bisa nampa Ashudi kanthi becik. Awit satemene, Ashudi kuwi mung anake wong tani. Iku wae dudu tani tenanan alias buruh tani. Banjur Ashudi akal-akalan menyang Kalimantan golek gawean. Begjane Ashudi ditawani dadi dhosen ing salah sijining pawiyatan luhur swasta. Kalodhangan mung teka sepisan, mula kalodhangan kuwi banjur dijupuk. Ashudi sing asli Kulonprogo dadi dhosen ing Kalimantan. Saben prei semesteran dheweke bali ndesa. Lha yen ngepasi bali ndesa iku asring kepethuk Rusmiati kang nyambut gawe ing counter karcis. Awit saka iku banjur thukul rasa tresna. Rusmiati ora nulak dilamar dening Ashudi. Taun iki minangka taun kapindho kalorone mbangun bale wisma. Supaya bisa gawe mongkog wong tuwane, Rusmiati ngerih-erih bojone supaya gelem nyewa mobil lan mas-masan. Satemene Ashudi rada kabotan, nanging luwih abot rasa tresnane marang Rumiati. Mula Ashudi banjur sarujuk. 

“Pak, piye pak yen sampeyan sing menyang daleme Pak Tejo?” kandhane bu Darmo marang garwane.

“Aku ora kepenak Bu, pancen woh jeruke lagi ndadi. Yen gêthèke digeser bisa-bisa wohe padha gogrok” Pak Darmo momong atine bojone. Nanging bojone sajak ora preduli marang omongane sing lanang.

“Ya wis pak, aku dhewe sing arep kandha.” Pak Darmo arep menggak bojone nanging ora tekan amarga Bu Darmo mbrabat metu ngomah ora pamit.

Tekan ngarep warung, lakune Bu Darmo dicegat Lastri. “Arep tindak ngendi Bu, sajak kesusu?” 

“Arep menyang daleme Pak Tejo.” 

“Wah kadingaren sampeyan ana perhatian marang kulawargane Pak Tejo. Aku mentas saka kana. Permadi, mantune Pak Tejo arep entuk pengaji saka pamerintah provinsi amarga dadi panutan sarjana preduli desa. Senajan wis sarjana nanging isih mikirake kemajuan desane, mbangun desane. Mula awan iki kulawargane Pak Tejo arep menyang kutha kanggo nampa pengaji-aji kuwi.” mangkono katerangane Lastri. Bu Darmo mung ndomblong. Ora ana tembung kang bisa metu. Sidane Bu Darmo bali mulih.

“Lha kok cepet bu, sida menyang daleme Pak Tejo?” pitakone Pak Darmo.

“Ora pak, daleme kosong, lagi padha tindak kutha.” wangsulane bu Darmo cekak.

“Lha ibune kok ulate peteng ngono, ana apa?” 

“Piye ora mbedhedheg Pak, si Lastri cerita nek Permadi arep entuk pengaji-aji saka pamerintah amarga kasil dadi sarjana mbangun desa, anggone cerita kaya-kaya nyindhir awakku. Aku ya jengkel ta Pak!”

“Lho… ibu ki piye ta, nyindhir sing kepiye? Ibu mrene takkandhani ya, durung mesthi sing diceritakake Lastri kuwi kanggo nyindhir ibu. Uwis ora perlu dipikir maneh. Perkara gêthèk ora usah dirembug maneh. Aku wis kepethuk Pak Tejo nalika piyambake lan kulawarga arep budhal menyang kutha. Rembugane wis mateng. Nek arep nggeser gêthèk, dhewe kudu tuku wit jeruk sing rusak. Kari diitung wae pira akehe wit jeruk sing bakal rusak iku.

Bu Darmo tambah peteng ulate. Ganti rugi wit jeruk sing rusak mesthi bakal akeh duit sing kudu diwetokake. Kamangka anggone Ashudi lan Rusmiati mulih desa iku amarga ana perlu nyilih duit kanggo pawitan tuku omah ing Kalimantan. (dening Herlina S.)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Post Top Ad

Responsive Ads Here